Doa Senja
Bajingan,jebluk utuke rasane //
Rono-rene durung nemu dalane //
Duh gusti,neng endhi toh sebenere //
Dalan sing pas,kanggoku mentas soko kere //
Seprono-seprene mung ngene wae //
Ora ono dununge //
Opo aku jatah'e kere selawase? //
Jan asu tenan //
Bolak-balik di aperkat karo kahanan //
Nganti kokel-kokel ngempet sing kedadhian //
Untung wae,ora nganti edan //
Gusti sing moho sak karepe dewe //
lan jenengan wes mesti benere //
Kulo nyuwun samudro pangapuro //
Yen niki pancen jatah'e kulo //
Dadhos wong kere lan ino //
Mugi jenengan dadhoske kulo //
Wong sing lego lilo //
Lan jenengan,tansah dadhos tujuan urip kulo //
Kediri,Indonesia
Tidak ada komentar:
Posting Komentar